Tema : Lingkungan
Narasumber : Sangkrah Mudjiono, S.Pd
Pewawancara : Bening Cahyaningtyas
Bening :”Sugeng enjing Pak”
P.Mudjiono : “Sugeng enjing”
Bening :”Nyuwun pangapunten Pak, kula wonten ing mriki kepingin tanglet perkembanganipun pelajaran PLH ing
SMPN 1 Jetis”
P.Mudjiono :” Ya nduk”
Bening :”Kala menapa SMPN 1 Jetis ngawontenaken pelajaran PLH?”
P. Mudjiono :”Pelajaran PLH ing SMPN 1 Jetis dilaksanakaken mulai tahun
ajaran 2009/2010
nganti saiki”
Bening :”Menapa tujuanipun siswa diwucal PLH?”
P. Mudjiono :”Tujuane supaya siswa anggadahi kesadaran nglestarekaken
lingkungane lan biasa urip sehat”
Bening :”Punapa siswa kelas 8 punika diwucal PLH, rumiyin namung
kelas 7 ingkang diwucal PLH?”
P. Mudjiono :”Supaya pelajara PLH bisa enek paedahe, para siswa bisa
nglaksanakaken ing griyanipun ”
Bening :”Pripun menawi siswa mbucal sampah mboten ing panggenan
ingkang kasediakaken?”
P. Mudjiono :”Yen siswa mboten mbucal sampah ing panggonane, oleh pikantuk pelanggaran”
Bening :”SMPN 1 Jetis menika kalebet SMP Adiwiyata se-Kabupaten
Ponorogo, ananging taksih kathah siswa ingkang mboten peduli kaleh lingkungan.
Menapa pendapatipun bapak?”
P. Mudjiono :”Ngrubah prilaku bocah iku ora sekaligus, ananging enek tahapane
mulai saka kebiasaan nganti dadi prilaku. ”
Bening :”Minurut kula, sakniki kathah tanduran ingkang mati
amarga diideki bocah, menapa pendapatipun bapaak bab masalah iki?”
P. Mudjiono :”Iku masalah kesadaran bocah – bocah marang tanduran isih kurang”
Bening :”Napa mawon upaya sekolah, supados
siswa – siswa peduli kaleh lingkunganipun?”
P. Mudjiono :”Ngadakaken sosialaisasi lewat pembina upacara saben senin isuk,
lewat poster, lukisan ing tembok, lsp”
Bening :”Pak, menapa SMPN 1 Jetis punika taksih nggunakaken AC,
sejatosipun AC punika saget ngrusak ozon?”
P. Mudjiono :”Bener, AC iku ana sing
nganggo CFC lan ora nganggo CFC,
sing dilarang iku AC sing nggunakake CFC”
Bening :”Terakhir, punapa pesanipun bapak dhateng siswa – siswi
SMPN 1 Jetis perkawis lingkungan? ”
P. Mudjiono :”Nglestarekake lingkungan iku kanggo anak cucu kita, dadi saiki
bertindak, iku manfaate kanggo anak cucu kita”






ijin share :)
BalasHapus