Pages

Diberdayakan oleh Blogger.

Kamis, 04 April 2013

Contoh Wawancara dalam Bahasa Jawa tentang PLH

-->
Tema        : Lingkungan
Narasumber  : Sangkrah Mudjiono, S.Pd
Pewawancara : Bening Cahyaningtyas
Bening            :”Sugeng enjing Pak”
P.Mudjiono    : “Sugeng enjing”
Bening            :”Nyuwun pangapunten Pak, kula wonten ing mriki kepingin  tanglet perkembanganipun pelajaran PLH ing SMPN 1 Jetis”
P.Mudjiono    :” Ya nduk”
Bening            :”Kala menapa SMPN 1 Jetis ngawontenaken pelajaran PLH?”
P. Mudjiono   :”Pelajaran PLH ing SMPN 1 Jetis dilaksanakaken mulai tahun  
    ajaran 2009/2010 nganti saiki”
Bening            :”Menapa tujuanipun siswa diwucal PLH?”
P. Mudjiono   :”Tujuane supaya siswa anggadahi kesadaran nglestarekaken lingkungane lan biasa urip sehat”
Bening            :”Punapa siswa kelas 8 punika diwucal PLH, rumiyin namung kelas 7 ingkang diwucal PLH?”
P. Mudjiono   :”Supaya pelajara PLH bisa enek paedahe, para siswa bisa nglaksanakaken ing griyanipun ”
Bening            :”Pripun menawi siswa mbucal sampah mboten ing panggenan ingkang kasediakaken?”
P. Mudjiono   :”Yen siswa mboten mbucal sampah ing panggonane, oleh pikantuk pelanggaran”
Bening            :”SMPN 1 Jetis menika kalebet SMP Adiwiyata se-Kabupaten Ponorogo, ananging taksih kathah siswa ingkang mboten peduli kaleh lingkungan. Menapa pendapatipun bapak?”
P. Mudjiono   :”Ngrubah prilaku bocah iku ora sekaligus, ananging enek tahapane mulai saka kebiasaan nganti dadi prilaku. ”
Bening            :”Minurut kula, sakniki kathah tanduran ingkang mati amarga diideki bocah, menapa pendapatipun bapaak bab masalah iki?”
P. Mudjiono   :”Iku masalah kesadaran bocah – bocah marang tanduran isih kurang”
Bening            :”Napa mawon upaya sekolah, supados siswa – siswa peduli kaleh                                             lingkunganipun?”
P. Mudjiono   :”Ngadakaken sosialaisasi lewat pembina upacara saben senin isuk, lewat     poster, lukisan ing  tembok, lsp”
Bening            :”Pak, menapa SMPN 1 Jetis punika taksih nggunakaken AC, sejatosipun AC punika saget ngrusak ozon?”
P. Mudjiono   :”Bener, AC iku ana sing  nganggo CFC  lan ora nganggo CFC, sing dilarang iku AC sing nggunakake CFC”
Bening            :”Terakhir, punapa pesanipun bapak dhateng siswa – siswi SMPN 1 Jetis perkawis lingkungan? ”
P. Mudjiono   :”Nglestarekake lingkungan iku kanggo anak cucu kita, dadi saiki bertindak, iku manfaate kanggo anak cucu kita”

1 komentar:

 

Video Cita - Citaku

Adventure Time - Finn 3

My Plurk

Translate